Friday, February 3, 2012

Sisi Kemanusiaan Di Balik Profesi Supir Kapal Terbang

Sisi Kemanusiaan Di Balik Profesi Supir
Tinimbang bengong dewean ndhelok tingkah iwak Koi nang kolam mburi omahku, aku malih iling nostalgia jaman biyen.

Panjenengan wis podho ngerti nek aku mari lulus SMA tekok Malang, trus langsung minggat nyambut gawe dadhi sopir nang Ibu Kota nJakarta th 81 (sampe saiki).

Tahun-tahun semono nang penerbangan mungkin jaman keemasan generasi amburadul sing ora duwe wedhi, termasuk nang komunitas penerbangan.

Sopir kapal mabur sing direkrut lan dididik angel-angel tur ngenthekno dana akeh tenan, kelakuan ne kanthi ugal-ugalan.

Rambut podho gondrong, celono cut-brai, lengen klambi diwingkis seduwur mungkin sampe cedek kelek, sementara krah lan kancing klambi dibuka serendah mungkin (nek perlu udhel e kethok), petenthang-petentheng koyok koboi dalanan sing ora duwe jaran.

Gajiku jik jaman semono mek IDR 139rb nyambut dadhi Copilot DC9 (waktu Captain DC9 digaji IDR225rb lan Pramugari seragam orange digaji IDR75rb). Duwek mangan dijukuk nang endhi-endhi kapan wae mendarat sekitar IDR3000.

Pas dino gajian tanggal 26 tiap wulan, kabeh awak pesawat teko nang kantor Kemayoran, ngantri njukuk gaji iku mau sing diplastiki siji-siji persis koyok suasana nang kantor pensiunan. Rame meriah sekaligus ngrumpi pethukan konco-konco sing jarang kepethuk sak dino-dino.

Mulih tekok gajian, siji-siji semburat, onok sing mlaku-mlaku mangan-mangan, onok sing langsung piknik karo keluarga anak-bojo, onok sing blonjo, onok sing mojok nang sisihe pos satpam trus sibuk judi ngenthekno gaji sing ntas ditrimo.

Kadangkala malah bangga nek gajine langsung ludes kalah judi njur mulih mek nggowo plastik kosong isi slip gaji thok . . .

Suasanane serba susah tapi sejatine guyub saling kenal koyok seduluran.

Bolak-balik protes karo pimpinan tertinggi GA waktu iku pak Wiweko, mung dijawab singkat "kamu ini dibagi koper-koper seragam mbhok dimanfaatkan sebaik-baiknya . . ." Dadhi awake dewe diajari dadhi "penyelundup" cilik-cilikan.

Bahkan cerito "menyelundup" iki terus berlanjut sampe sekitar th 90an (jaya-jayane GA mabur nang Eropa karo Amrik).

Panjenengan sebut mawon barang-barang merk terkenal sak dunia kabeh cemepak nang Jakarta mergo diangkut karo konco-konco awak pesawat sing "nakal"

Lampu kristal Italia, meja hiasan marmer tekok India, berlian tekok Amsterdam, baju wanita lan baju bayi tekok Jepang, parfum asli tekok Paris, produk Hugo Boss kulakan tekok Jerman, produk Etiene Aigner langsung saking pabrik, produk Bally langsung saking dusun Schoenenwerd Swiss, baju daleman St. Michael produk Mark-Spencer Inggris, arloji segala merk sekali angkut saged 1500 benggol tekok Singapur lan Hongkong, celono jean merk Stilletto, mungkin dagangan terakhir produk Clinique lan fashion Perry Ellis saking Amrik.

Jakarta banjir karo pesta mode dunia, . . . . .

Penumpang jaman semono iku luwih "edan" dibanding saiki . . .

Sing jenenge Frequent Flyer Member gak onok sing resmi terdaftar, kabeh iku mung terdaftar dari mulut ke mulut.

Onok priyayi putri setengah baya tekok Ngayojokarto. Panggaweane mondhar-mandhir nang Jakarta seminggu iso ping 3. Adat e Mbakyu siji wis apal, ben boarding mlebu nang pesawat, suarane wis "wak-wak"an trus gak kathek basa-basi mbukak lawang kokpit langsung nggelosorno beauty case (tas rias Samsonite kelir abang) nang lantai kokpit, trus mbengok "titip ya Mas . . ." Trus deweke methu lungguh nang kursine dewe.

Kiro-kiro pesawat meh tekan Halim, deweke njegagig mlebu nang kokpit, nutup lawang, trus mbukak kursi observer karo takon "tasku aman ya . . ."
Mari ngono, tas rias dibuka karo kunci, ngethokno duwik, mulai ngitung, trus siji-siji diwenehi sangu "uang jasa jaga tas".

Sesuk ngono maneh, emben ngono maneh, sak terus e yo ngono maneh . . . .(Asmane Mbak . . . .)

Onok piyantun onet tekok Semarang, asmane Mbah . . . . Wonge gendhut lan rame meriah nek ngobrol.

Kabeh wong sak maskapai wis apal. Budhal-mulih SMG-JKT kelaukanne ora berubah blas tahun ke tahun.

Tuku tiket rego IDR75rb sekali jalan tapi ngasto duwek mesti sak juta repes. Trus mulai tukang tiket, petugas check-in, porter, petugas Ramp, supir mobil Ramp, kabeh disangoni duwik sesuai porsi masing-masing.

Munggah pesawat biasane piyantun iki langsung mlebu kokpit trus takon "Capt, anak buahmu dino iki onok piro?" Begitu dijawab, langsung ngrogoh sisa duwik nang kantong celono, langsung dibagi diuncalno nang pedestal kokpit "Capt, iki bagien gawe pramugari, sing iki gawe pilot yo . . ."

Sing lucu maneh nek wis kenal apik, deweke takon "iki sopo sing mabur?" (Maksud e sing maburno pesawat iki Captain opo Copilot?)

Begitu deweke ngerti sopo sing mabur (mbuh opo sing dipikir?) "Engkuk nek landing aku lungguh nang kokpit yo . . . Saiki aku ngantuk tak turu disik" sembari mundhur nang kursi penumpang.

Pas wayahe mendarat, biasane aku nyeluk pramugari "iku Mbah . . . Gugahen wis arep ndarat"
Deweke mlebu lan lungguh nang kokpit trus biasane ngethokno korek api (korek jes) trus didhekno (diberdirikan) nang dashboard njero kokpit, trus ngomong "nek landing engkuk korek iki gak tibo, tak tambahi duwik maneh . . ." (Maksud e nek kotak korek mau tibo yo landing e kasar).

Dadhi nek pingin ngerti pilot-pilot GA jaman biyen iso biasa landing mulus, yo iku sekolah e he he he

Pancen Mbah iki konsisten, duwik didelek nang pedestal, nek korek gak tibo trus keplok-keplok koyok arek cilik "iku jukuken duwikmu Cah Bagus" tapi nek kotak korek tibo, cepet-cepet disahut duwik mau disimpen maneh karo ngomel-ngomel "payah iki, dikeki duwik kok nolak" ha ha ha

Saking akrab awake dewe karo penumpang iki, bahkan onok sing terang-terangan njaluk Mbah . . . Sangu gawe biaya kawin lan onok sing njaluk sangu renovasi omah. Wis hebat tenan jaman semono . . .

Nek nang luar negeri yo onok langganan koyok ngono.

Juragan tertinggi Astra, Om . . . . terkenal sering tindhakan nang Hong Kong, paling ndhak sewulan pindho.

Nek si Om, on board, pasti kabeh wis ngerti, trus rai ne podho sumringah girang tenan.

Sak durunge budhal awak pesawat wis podho gethok-tular "si Om on board, si Om on board . . ." Kabeh wis maklum sopo sing dimaksud si Om iki.

Nek si Om iki "main alus", biasane mlebu pesawat mek senyam-senyum ora kakehan omong.
Engkuk sak wise mangan nang pesawat, biasane Aspri ne mlebu kokpit, trus takon "Ini kokpit ada berapa orang dan awak kabin ada berapa".
Begitu dijawab, biasane deweke langsung ngitung duwik trus siji-siji dilebhokno amplop tertutup, rapi tenan . . .

Nek wis rampung trus diwenehno Captain "Capt, yang ini buat kokpit, lalu sisanya buat awak kabin ya".

Bhar iku, deweke langsung metu nang kabin koyok gak onok opo-opo (jan kelakuan tenang Juragan gede ora kakehan ribut . . .).

Rata-rata sak amplop isi USD 100 kanggo awak kabin, sing kanggo Captain karo kokpit mesti luwih akeh.

Aku angel mbayangno, opo o wong sugih-sugih iso "loman" karo awak pesawat sing gak mereka kenal, padahal yo deweke iku wis tuku tiket larang? Mungkin yo mergo kabeh wis maklum jaman semono iku awak pesawat nang GA iku "mlarat" kabeh.

Loman e si Om iku gak beda karo salah siji priyayi puteri keluarga Cendana. Iku yo persis si Om, main "alus" tebar senyum, trus amplop mudhun lewat sekretaris pribadi, bahkan jumlah e iso mirip karo si Om Astra.

Nek pejabat negoro, yo ono sing "royal" (bahkan saiki jik sugeng). Beliau iki koyone piyantun sepuh Malang mantan serdadu.

Jarene wong-wong, beliau iki terkenal "galak" tapi sakjane beliau ramah banget nek nang awak pesawat, seneng guyonan rame.

Beliau iki yo rutin tindhakan dines nang daerah lan luar negeri.
Beliau gak pernah lali ninggalin segala macem, mulai duwik, panganan, oleh-oleh bahkan sampe sego bungkus iso dikirimno nang pesawat karo ajudan trus ngomong "ini dari Bapak katanya pak pilot disuruh makan dulu sebelum terbang . . ."

Jan-jan istimewa lan mengharukan, opo tumon hubungan konsumen karo maskapai iso akrab ngono (beliau salah siji sing "merayu" pilot-pilot agar tak mogok kerja total sewaktu pemogokan pilot "Kami Resah").

Sakwijine dino, pirang tahun kemudian, aku mabur tekok Biak ke Jakarta eks penerbangan Los Angeles-Honolulu. Eh, beliau on board nang pesawat ora mudhun waktu transit nang Biak (mungkin wegah mergo Biak gak onok opo-opo).

Lah, awak pesawat sing nginep Biak (koyok aku ngene gawe nerusno penerbangan iku nang Jakarta) duwe kebiasaan sarapan isuk nang hotel diganti karo sego Padang ben iso dipangan nang pesawat.

Sementara penumpang diaturi dahar sarapan isuk standard uplift catering tekok Biak biasane menu sego goreng utowo sego Uduk komplit.

Begitu tinggal landas, awak kabin mulai mbukak lan nyarap sego Padang ambek ngenteni manasi panganan penumpang sing arep disajikan nang penerbangan.

Eh, lah kok Bapak siji iki merhatikno awak kabin sing mangan iku, trus ngendikan "dik, dik, boleh gak ya breakfast saya ditukar Nasi Padang seperti itu . . ." Ambek drijine ndhudhing sego Padang sing dipangan pramugari.

Pramugari ne isin pucet trus lapor nang kokpit "Capt, Bapak itu minta Nasi Padang, boleh apa gak ya . . . tapi saya punya sudah habis". Aku langsung mutusi mergo kenal karo Bapak kuwi "Mbak, kasih saja yang punya saya, tapi kalau ada penumpang lain yang tanya kasih tau aja kalau Bapak ini sudah pesen jauh hari sebelum berangkat ke Los Angeles" (ben penumpang liyane ora iri).
Aku karo mbathin, mesti Bapak iki wis kangen sego mergo pirang-pirang ndino nang Amrik . . . .

Rupane si Bapak maklum, sego Padang sing didahar mesti duweke salah siji awak pesawat.
Sakwise sego Padang mau telas tandas dilahap, deweke takon "Dik, ini Nasi Padang sesungguhnya siapa punya?" Yo mesti dijawab jujur tho yo . . .

Deweke ujug-ujug mlebu kokpit, suarane kenceng karo senyum cerah "Dik, waduuuuuh . . . . terima kasih ya, nasi Padangnya istimewa, saya habisin berdua dengan istri sambil rebutan rendang . . . He he he"
Akhire malah ngobrol nang kokpit sambil nostalgia karo klepas-klepus rokok kretek sak dowone penerbangan nang Jakarta.

Panjenengan ngerti, aku (lan konco-konco) diamplopi duwik jutaan mergo sego Padang iku . . . .

Suatu hari onok penumpang piyantun lanang mabur jurusan JKT-SUB. Deweke mlebu pesawat wis meh telat, teko dewean numpang mobil VW Combi langsung nang pesawat. Kebetulan pas deweke munggah pesawat pethukan karo aku baru metu tekok toilet. Deweke trus ngomong "Mas, aku ni bawa pistol tapi ogah nitipin ke petugas darat" ambek ngethokno pistol tekok selipan celono. "Iki Mas, simpenen ae ndhik kokpit. . .". Aku mikir, sakjane ngono iki mesti wong ngerti aturan sing bolak-balik numpak pesawat GA. Pistol mau aku cekel "Ya pak, saya simpan di kokpit ya . . ."
Tapi meneng-meneng aku njaluk petugas darat iki barang kudhu dicatet sebagai "security item" sekalian aku ngomel-ngomel karo petugas darat, kok iso onok pistol lolos pemeriksaan security.

Sampe Juanda, Bapak iki aku tahan nang pesawat, "Bapak tunggu sini saja, nanti saya mintakan mobil biar tak perlu bareng-bareng penumpang lain".

Akhire malah ngobrol nang isle (gang nang pesawat). Usut punya usut, rupane deweke Aspri Wapres (waktu iku) sing domisiline Suroboyo, dadhi sering mondhar-mandhir SUB/JKT. Pas petugas darat munggah nang pesawat, aku catetno sing jenenge pistol (sakjane kudhu dijukuk nang bagian Lost and Found). Trus begitu rampung, pistol aku serahno nang Bapak iki sekaligus ngeterno nang Terminal Kedatangan numpak Combi (iki alasan security mergo Bapak iki nyekel pistol).
Sambil numpak Combi, ngobrol berlanjut. Trus malah Bapak iki nawari "Mas, nek perlu-perlu kendaraan selama nang SUB kontak aku yo . . . Aku duwe 2 mobil selalu parkir ndhik Juanda, biasane sing siji nganggur mek gawe jogo-jogo".

Eh, eh, eh . . . . . Aku ditawari Mercedes ambek sedan Volvo?

Pas mudun tekan Terminal, Bapak iki ngrogoh kantong klambi safari, trus ngelungno ojir sing sak gepok dilipat koyok e tekok asal duwik sak juta mek dikurangi mbayar tiket pesawat (segel bank jik onok).

Wis ngono ambek ngelungno duwik sak gulung sing digegem "Mas, aku gak opo-opo tha nyangoni sampeyan . . .?"

Eh, eh, eh, kathe ngekeki duwik kok njaluk ijin barang, langsung tak tagep iku gulungan duwik ambek ngomong "Pak, gak opo-opo, malah sering-sering ae koyok ngene iki mergo aku pancen lagek butuh gawe modal rabi pak ha ha ha . . ."

Sejak saat iku, nek Bapak iki arep mulih opo budhal nang Suroboyo, sering ngandani telpon aku "Mas, aku kathe budhal . . . .terno yo . . ."

Eh, eh, eh, dadhi supir pesawat langganan . . . .

Eh, eh, eh, duwik sak juta mek dikurangi rego tiket pindah tangan maneh nang aku . . .

Urip pancen aneh . . . .

Sedulur dudhuk, kenal yo gak, pas urip lagek kangelan, kok yo onok wong apikan ngono. . .

Bapak iki wis koyok malaikat, aku sasate oleh sangu akeh kanggo modal rabi (beneran iki) tapi terus beliau menghilang ditelan bumi pas Wapres RI diganti sing anyar. Aku kehilangan kontak karo priyayi apik ati iki . . . .

Onok maneh cerito aneh, suatu hari aku mudun nang Kemayoran tekok Makassar. Pas penumpang podho mudun, ujug-ujug pramugariku playon nang kokpit "Mas, mas ini ada dompet penumpang ketinggalan di kantong kursi . . ."
Iku ngono dompet jinjing, sing isine kethok kebhek mergo dompet iku blembung koyok manak.
"Mbak, saksikan ya . . .saya mau buka dalamnya untuk tahu siapa yang punya . . ."
Begitu aku bukak, walah kaget pol, isine duwik atusan ewu Yen Jepang kandhele kiro-kiro 3Cm,  plus paspor atas nama Yos . . . .moto. Aku langsung nyangking dompet iku mudun playon nang Terminal Kedatangan. Ambek mlayu nyebrangi apron, aku berharap, mugo-mugo wong iki jik ngenteni bagasi nang Terminal Kedatangan.

Aku menggos-menggos, pas tekan ngarep coveyor belt isi bagasi penumpang, suasane rame padet penumpang.
Aku gak mikir dowo langsung mbengok "attention, Mr. Jos.....moto, I am looking for mr. Jos.....moto!
Gak let suwe, onok 2 wong Jepang ngacung tangan nyedeki aku.

Sementara aku nggoceki paspor, aku takon "which one of you Mr. Jos.....moto?"

Singkat cerito, aku jelasno nang salah siji Jos.....moto, trus ngewenehno dompet mau "please check your wallet sir . . ." Jepang iki sibuk ngitung duwik nang njero dompet. Si Jepang kethok puas (aku bener-bener beruntung kali iki aku nolak diwenehi uang jasa). Deweke bungkukno badan sampe bungkuk 90 derajat gawe mengucapkan terima kasih.

Sekitar 5th sakwise peristiwa iku, aku dines nang Osaka Jepang. Aku iling tau diwenehi kartu nama karo Mr. Jos....moto. Aku telpon deweke, trus koyoke deweke "bungah" nemoni aku, aku ambek Captain diajak mangan ambek ngobrol ngalor-kidul trus deweke ngomong "haik, saya heran, mengapa dompet itu tak kamu simpan saja? Mengapa harus dikembalikan ke saya? Isinya sungguh sangat banyak dapat dipakai hidup satu tahun di Indonesia"

Aku mek mesem-mesem "I think you'll need it more than anything. Anyway, I can live in Indonesia without your money and I am not going to be rich with your money . . ."

Mulai saat iku, aku koyok seduluran karo Lik Jos....moto.

Poro Sedulur Ngalaman,

Aku seneng iso sharing sisi-sisi kemanusiaan di balik panggaweanku sebagai sopir.

Mandhar gak perlu diperdebatkan aspek moralitas ceritoku iki, sing penting kanggo hiburan kemawon lan ugo bermanfaat.

Aku mek prihatin, rasane urip iki semakin hari semakin individualistis - transaksional nganggo hitungan untung-rugi.

Mugo-mugo jalur millis Ngalaman iki iso mempererat tali persaudaraan gawe awake dewe.

Jakarta, 9 Agustus 2009
Salam,
NV

Novianto Herupratomo

Powered by Telkomsel BlackBerry®

Berikut ini salah satu komentar pembaca millis:
Mas Novan,
Sae tenan sharing panjenengan.
Rezeki ternyata iso dari mana saja munculnya.
Lha lek pakar manajemen tekok Harvard Business School menganalisa hubungan
service provider - customer iki pasti bingung. Kok iso? Wong aku dewe yo
mbatin kok iso?
Tahun 1996 aku tau dadi project manajer Arga III. Wektu iku rodok mbatin kok
wong Garuda kurang termotivasi. Suatu saat aku ngobrol karo salah satu
operator nang mejone. Kok nang selipan koco mejone onok slip gaji Rp 136
ribu. Aku sampek ndelok bolak balik tak pikir aku salah ndelok.
Tapi saiki kan wis akeh petinggi sing pinter dadi kompensasi mestine wis
(jauh) luwih apik.
Gtt
Powered by Telkomsel BlackBerryR

No comments:

Post a Comment